Naskah Pembawa Acara Pernikahan Berbahasa Jawa Krama

Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh

Nuwun, kulanuwun. Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepayoning kautamen, ingkang pantes pinundhi-pundhi saha kinabekten. Punapa dene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami.

Nyuwun panagapunten, dene kula cumanthaka sowan mangarsa, hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan. Kula piniji hanjejeri minangka pangendaliwara keparenga hambuka wiwaraning suka wenganing wicara dwaraning kandha, saperlu mratitisaken murih rancaking titilaksana adicara pawiwawahan prasaja ing ratri kalenggahan punika.

Sumangga kula derekaken sesarengan manungkul puja-puji-santhi wonten ngarsaning Gusti Ingkang Maha Suci, ingkang sampun kepareng paring rahmat lan nikmat gumelaring alam agesang wonten madyaning bebrayanagung. Katitik rahayu sagung dumadi tansah kajiwa kasalira dhumateng panjenengan sadaya dalasan kawula, saengga kita saged hanglonggaraken penggalih hamenakaken wanci sarta kaperluan, rawuh kempal manunggal ing pawiwahan punika, saperlu hanjenengi sarta paring berkah pangestu dhumateng Bapa .....(Doso DH)...... sakulawangsa anggenipun hanetepi dharmaning sepuh hangrakit sekar cepaka mulya, hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.

Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih:
  1. Eko laksitagati, purwakaning pahargyan inggih sowanipun putra temanten putri mijil saking tepas wangi manjing ing madyaning sasana rinengga
  2. Dwi laksitagati, rawuh lan jengkaripun putra temanten kakung tumuju dhateng madyaning sasana wiwaha
  3. Tri laksitagati, pasrah-pinampi putra temanten kakung
  4. Catur laksitagati, dhaup panggihing putra temanten anut satata-ning adat widhiwadana ingkang sampun sinengker, tumunten kalajengaken upacara krobongan
  5. Panca laksitagati, nderek mangayuhbagya-nipun kadang besan dhateng ingkang hamengku gati ing sasana wiwaha, tumunten kalajengaken upacara sungkem
  6. Sad laksitagati, atur pangbagyaharjo panjenenganipun ingkang hamengku gati katur sagung para tamu
  7. Sapta laksitagati, lengseripun temanten sarimbit saking madyaning sasana wiwaha manjing ing sasana busana, saperlu rucat busana kanarendran santun busana ksatrian
  8. Hasta laksitagati , sowan malihipun temanten sarimbit ngabyantara para tamu saperlu nyenyadhong pudyastawa murih widadaning bebrayan
  9. Nawa laksitagati, paripurnaning pahargyan inggih jengkaripun temanten sarimbit saking madyaning sasana rinengga tumuju dhateng wiwaraning pawiwahan.

Mekaten menggah reroncening tata adicara pawiwahan ing ratri kalenggahan punika. Salajengipun, keparenga para tamu pinarak wonten ing palenggahan kanthi mardu-mardikaning penggalih, miwah kawula derekaken hanyrantos tumapaking tata adicara sinambi nglaras rarasing gending2 jawi. Nuwun, nuwun, matur nuwun.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

baca juga

BAGIKAN

Tidak ada komentar:

Posting Komentar